Wekdal negari Ngastina wonten pasewakan, ingkang rawuh Prabu Suyudana, Prabu Salya, Resi Druna, Jayajatra, Patih Sengkuni, Bisma, Dursasana lan sanes-sanesipun klebet para sentana, pengageng agul-agul sanesipun. Nembe ngrembag kados pundi caranipun supados Padhawa saged kapusan kanthi alus lan saged sirna saderengipun perang Baratayuda.
Druna nunten paring pitedah dhateng Sena manawi kepengin kaleksanan pikantuk kasampurnan gesang, pinunjul ing sapepadane, tansah winengku ing rama ibu, mulya lan badhe gesang langgeng, kedah angsal toya suci ingkang dipunkersakaken kalawau. Dipunbeberaken manawi toya suci kalawau mapanipun wonten guwa salebetipun wana Tibrasara ing redi Candramuka. Sasampunipun pamit kaliyan Resi Druna lan Druyudana, lajeng medal saking Karaton.
Bala Kurawa sami ngguyu awit panganggepipun Sena saged dipunapusi lan badhe lebur amargi dipunmengsah dening denawa kalih salebetipun guwa, mila lajeng sami suka parisuka.
Sasampunipun dumugi guwa, jebul toya ingkang dipunpadosi boten wonten, lajeng punapa ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun guwa dipunobrak-abrik. Denawa kalih ingkang manggen ing guwa nyaketi Sena. Gampilipun cariyos, Sena lajeng perang lumawan denawa kalih kalawau, denawa kalih kawon. Dereng marem, Sena tetep ngamuk wusananipun lemes amargi kekeselen lajeng kendel ing ngadhap wit ringin. Boten dangu anggenipun kendel, lajeng mireng swanten tanpa rupa yaiku yen Sena ngupadi barang kang ora bisa ketemu iku handadekake sengasarane awakmu”.
Sasampunipun Sena pasrah, lajeng dipunngendikani bilih denawa kalih kalawau sejatosipun Sang Hyang Endra lan Bathara Bayu ingkang nembe nglampahi paukuman saking Sang Hyang Guru. Dipunjlentrehaken ugi babagan dhawuhipun Druna, prayoginipun wangsul mawon dhateng Ngastina.
Sasampunipun dumugi Ngastina, kleresan bala Kurawa sami nglempak, ing ngirku wonten Resi Druna, Suyudana, Sengkuni lan Bisma. Sedaya sami kaget dene Sena dhateng. Sena hambeberaken sedaya lelampahanipun lan dipuntanggapi Druna bilih Sena dipunuji lan sejatosipun toya suci kalawau mapan wonten tengahipun samodra. Sena inggih pitados lajeng bidhal dhateng samodra nanging mampir dhateng Ngamarta badhe pamitan kaliyan ibunipun (Kunthi) lan kadang-kadangipun. Sejatosipun kulawarganipun Sena mangertos bilih namung dipunbidung Kurawa lumantar Druna, ingkang ancasipun badhe nyirnakaken Pandhawa, nanging Sena tetep nekat. Kulawarga lajeng ngaturi kabar dhateng Prabu Kresna bilih Kurawa ngrekadaya supados Padhawa sirna. Prabu Kresna lajeng rawuh ing Ngamarta lajeng ngendika bilih Pandhawa boten perlu sedhih, awit tumindakipun Kurawa badhe angsal piwales.
Sena boten tidha-tidha, tanpa raos ajrih nyemplung samodra kanthi ngecakaken ngelmu Jalasengara supados toya sumilak. Kacarita wonten naga sagunung anakan, wujud ingkang damel giris, cangkemipun mangap, siyungipun lancip lan naga kalawau hanggubed badanipun Sena. Kanthi namakaken kuku pancanaka dhateng naga,Sena saged nyuwek cangkemipun naga lan njalari pejahipun naga kalawau.
Sasirnanipun naga kalawau, Sena kepanggih Dewa Ruci, ingkang wujudipun bajang kados lare alit dolanan ing sanginggilipun samodra. Dewa Ruci lajeng ngendika maranmg Sena menawi kabeh kang ana samodra ora bisa dipangan. Dewi Ruci njlentrehaken yen Sena menika keturunan Brama, ibunipun Dewi Kunthi trahing Sang Hyang Wisnu Murti. Dewa Ruci ngerti tekane Sena antuk pituduh Druna supaya ngupadi banyu suci kanggo panguripan. Dewa Ruci menehi pituduh supaya Sena aja mangkat yen durung cetha, bisa ngerti yen takon ndisik.
Lajeng Dewa Ruci ngendika malih, namung sinamun ing sekar Dhandhanggula. Intinipun kang sinebut tirta kuwi banyu, gumelare dadi panguripan. Ing ngendi wae ana tirta, mesthi ana panguripan.
Pawitra, tegese bening. Dadi banyu bening ora mung disawang saka weninge banyu, nanging uga dijupuk daya gunane, kanggo nguripi sadhengah titah, ora ngemungake ingkang asipat manungsa, sanadyan kutu-kutu walang ataga uripe ora bisa dipisahake kalawan kang sinebut tirta. Mahening saka tembung lingga maha lan hening. Mangkono, gumelare mujudake sawijining katentreman lair lan batin.
Dene suci tegese kinalisake ing saliring dedosan, dene munguh cethane, jroning urip sira ngudia marang panguripan kang sampurna, kang bisa andayani katentremaning lahir lan batin, sarta bisa ngipatake pirang-pirang dedosan, mangkono kang sinebut suci.
No comments:
Post a Comment